Jasu

Sulaman lencana (Hyungbae)

Jasu utawa Sulaman Koréa (자수;刺繡) ya iku jinis kerajinan sulaman kang asalé saka Koréa.[1] Teknik gawé jasu (jasujang) dekenalake saka Cina tekan Koréa ing mangsa Dinasti Goryeo lan ngrembaka ing masarakat Koréa.[1] Wong Koréa ngrembakake jasu kanggo ndekorasi bahan tekstil lan asil kerajinan tangan iki nuduhake lingkungan panguripan lan tradisine wong-wong mau.[1]

Ing mangsa Dinasti Goryeo, kerajinan jasu ngrembaka banget lan dibédakaké dadi pirang-pirang jinis, ing antrane ya iku boksik jasu, giyong jasu, gamsang jasu, lan jasu kang ana gegayutane karo agama Buda.[1] Boksik jasu ya iku jasu kang disulam kanggo rerenggan sandhangan lan diselarasake karo status lan kalungguhan.[1] Jinis sulaman iki mung dugunakake déning wong-wong ing pura.[1] Giyong jasu ya iku jinis sulaman kang disulam ing pirang-pirang jinis perabotan ing pura raja.[1] Gamsang jasu ya iku jinis sulaman kang digunakaké minangka karya seni kang artistik kaya ta sulaman ing sekat gebyog ing kamar lan ruangan omah.[1] Jasu Buda ya iku sulaman kang gegayutan karo agama Buda.[1]

  1. a b c d e f g h i Jasu Archived 2010-02-13 at the Wayback Machine., koreanculture. Diundhuh tanggal 29 Mèi 2010.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search